Minggu, 13 Mei 2018

Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa

Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa - Hallo sahabat Blog Tiga Putra, Pada Artikel kali ini yang berjudul Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa, kami berusaha mempersiapkan artikel ini dengan sebaik baiknya untuk anda baca dan ambil informasi didalamnya. Semoga isi postingan Artikel basa Jawa, Artikel catatan, Artikel Cerita wayang, yang kami tulis ini dapat dengan mudah anda pahami. baiklah, selamat membaca.



Judul : Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa
link : Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa

Baca juga


Cerita wayang Dewa Ruci Bahasa Jawa



Dewa Ruci

Dikisahke Bima nduweni sawung guru kanthi jeneng Resi Drona utawa Guru Durna.
 Banjur Guru Durna merintah Bima supaya nggoleki banyu kauripan sing bakal nggawe Bima tumeka kesempurnaan urip.

 Perintah iki sayektine mung siasat kanggo nglenyepake Bima supaya ora melu perang Bratayuda sing kala iku lagi dipersiapkake. Bima sing duweni jiwa sawung murid, tanpa pitakon banjur nglakokake titah saka guru.

 Dheweke mangkat nuju panggon-panggon bahaya sing wis dtentukake dening guru Durna.
Pisan, dheweke dikongkon menyang gua gunung Candramuka.
 Nanging banyu sing den dupadi jebule ora ana, nuli gua ning sakiwa tengene diobrak-abrik nganti gawe kaget buta sing tinggal ning kana, yaiku Rukmuka lan Rukmala.

 Banjur kedadean gelut antarane Bima lan raksasa mau. Raksasa mau ditendang, dibanting lan njebluk dadi lebu.

Bima durung bisa nemu banyu kauripan, akhire dhewe pasrah lan nyenden ing sawijining wit beringin sing gedhe banget. Ora suwe banjur dheweke krungu suwara sing ora ana wujude. Suwara kui asale saka Batara Indra lan Bayu sing banjur ngandani Bima menawa loro buta sing dipateni mau ternyata nyat lagi dihukum Batara, Batara Indra lan Bayu ngandani yen banyu kauripan ora ana ing goa Candramuka. Bima dikongkon supaya bali menyang negeri Astina.
Sakwise dheweke bali menyang Astina, dheweke nemoni guru Durna. Bukane ngakoni keluputan, Guru Durna berdalih mung nguji Bima wae. Dheweke banjur meritahke Bima kanggo nuju samudra supaya oleh banyu kauripan. Sakdurunge lunga, kebeh sedulure Bima ing Pandawa termasuk Arjuna nglarang lan wanti-wanti menawa kabeh kui mung jebakan wae. Nanging Bima tetep kukuh lan bertekad lunga demi nglakoni titah saka guru Durna. Malah yen dheweke kudu nemoni kemalangan, dheweke wis siap amarga dheweke nduweni kapitayaan menawa apa sing dilakoni dheweke yaiku Darma lan kabeh wis ana sing ngatur.
Saketuke ning pinggir segara, dheweke ngatur emosi sing timbul, keweden, keraguan ning jero awak saguh lan orane dheweke renang ing samudra kui. Kanthi kasekten aji jalasegara sing dheweke olehke saka Batara Bayu ning dalan sakdurunge. Dheweke mleboni dasar segara karo nyibak banyu, malah saguh ngambekan ning njero banyu segara.
Dikisahke ana naga segedhe anakan kali, pemangsa iwak ning segara rai liar lan ganas. Nduweni bisa sing isa mateni sapa wae, cangkeme kaya gua, suinge katon landep cemlorot, melilit Bima nganti mung kari ketok gulune, nyembure bisa kaya banyu udan saka naga kasebut.
Bima bingung lan nduga supaya cepet mati, nanging wektu kesel ora kuwasa nglawan, dheweke iling banjur cepet-cepet nggunakake kukune yaiku kuku pancanaka, nancep ning awak naga, getih kemocor banjur mati. Seisi segara mulya mergo ora ana maneh mangsa sing ganas.
Nganti akhire ning segara den samya Bima ketemu karo Dewa cebol sing duwe jeneng Dewa Ruci sing raine persis Bima. Gedhe saka Dewa Ruci ora luwih gedhe karo epek-epek Bima. Dewa Ruci merintah Bima kanggo mlebu kuping kiwa saka Dewa Ruci, siji perintah sing mustahil. Nanging kanthi keajaiban, Bima kedadeyan bisa mlebu menyang kuping Dewa Ruci lan ning jerone Bima mbisani donya sing jembar banget. Dewa Ruci ngomongke menawa banyu kauripan ora ana ning ndi-ndi, rakacek nggoleki banyu kauripan ning panggon donya, amarga banyu kauripan ana ing jero awak manungsa kui dewe.
Saka kono, Bima bisa mahami wejangan Dewa Ruci sing sayekti yaiku gambaran saka deweke dhewe, sing ngetok lan menehi pamulangan marang dheweke amarga dheweke wis matuhi parintah saka gurune. Ana papat wujud sing katon saka Bima, yaiku ireng, abang, kuning lan putih. Nuli celathuk Dewa Ruci, “ Sing pisan kok ndelok cahayane, urip ora ngerti jenenge, Pancamaya kuwi, sayekti ana sajroning atimu, sing dadi pangarepmu, yaiku ati, sing nuntun awakmu marang sifat luwih ngrupakne hakikat sifat kuwi dhewe. Lekas mulih aja mlaku, delengen rupa kuia ja mangu, ati kuwi sejatine hakikatmu, lagekne sing arupa abang, ireng, kuning, lan putih kui yaiku pangalang saka atimu”
Bima sakwise krungu tembung Dewa Ruci, atine padhang nrima kanthi ati seneng, jero ati ngarepake oleh anugerah wahyu sing sak tenane. Banjur Dewa Ruci ngomong, “Bima, mangertenana sliramu, sing tok kerjakne, ora ana ngelmu sing ditekake kabeh wis kok kuwasani, ora ana maneh sing den upadi, kaseketen, uga kepinteran, amarga ati sing temenan yaiki ati sing nglaksanakake.


logoblog

Tidak ada komentar:

Posting Komentar